SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER I (PAS) BAHASA JAWA KELAS 8 KURIKULUM 2013



SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER I (PAS) BAHASA JAWA KELAS 8 KURIKULUM 2013

Wacan kanggo pitakonan nomer 1 tekan 3
1. Ing jaman biyen ana tlatah Prambanan ana kraton gedge yaiku Kraton Prambanan kang kondhang makmur jibar-jibur, tata tentrem karta raharja. Kraton mau kepimpin dening raja kang wicaksana, adil paramarta lan asih marang para kawula. Ratu Kraton Prambanan asmane Ratu Baka. Para Ratu andhahan Kraton Prambanan padha suyud lan bekti marang Gusti Ratu.
Pethikan wacan ing dhuwur kang nuduhake unsur intrinsic legenda perangan “latar carita kahanan” yaiku ing ukara….
   a. Kraton Prambanan kapimpin dening Ratu Baka
   b. Ing Jaman biyen ana tlatah kang aran Kraton Prambanan
   c. Kraton Prambanan kondhang makmur jibar-jibut, tata tentrem karta raharja.
   d. Ratu Baka duwe ratu andhahan kang akeh

2. Kang ndadekake Kraton Prambanan rakyate tata tentrem karta raharja miturut teks ing dhuwur yaiku….
   a. Kraton kang gedhe lan kondhang ing jaman sakmono
   b. Kapimpin dening raja kang wicaksana adil paramarta lan asih marang kawula
   c. Ratu Baka nduweni andhahan kang akeh
   d. Para ratu andhahan diwajibake suyud marang Ratu Baka

3. Kraton Prambanan kondhang makmur jibar-jibur. Tembung kondhang tegese padha karo….
   a. Amba
   b. Aman tentrem
   c. Rakyate makmur
   d. Misuwur

4. Kraton Pengging nyerang menyang kraton Prambanan kang kapendhagani langsung dening Bandung Bandawasa.
Nitik saka pethikan teks cerita ing dhuwur, paraga Bandung Bandawasa nduweni watak….
   a. Brangasan
   b. Adil
   c. Demen tetulung
   d. Jujur

5. Raden Siliwarni banjur nemoni kangmase kang digoleki. Dheweke mlebu guwa nggawa ingon-ingon kinasihe tanpa dikantheni prajurit. Ana jero guwa nora perang ananging padha dene ngakoni kang sejatine yaiku padha dene putra pajajaran kang aran Banyak Catra (Kamandaka) lan Banyak Ngampar (Silihwarni). Putra sakloron padha rerangkulan. Minangka bukti kanggo selaporan lamun bisa mateni Arya Kamandaka, Silihwarni mateni ingon-ingone mau kang wujud segawon, banjur dijupuk ati lan getihe kang dilakokake ati lan getihe Arya Kamandaka nuli kaaturake Adipati pasir Luhur.

Teks ing dhuwur nyritakake kahanan….
   a. Keributan ing njero guwa Jatijajar
   b. Prabu Silihwarni ketemu Arya Kamandaka kang dadi mungsuhe
   c. Patemone sedulur pancer kang wis suwe ora ketemu lan sengaja nggoleki
   d. Prabu Silihwarni kasil mejahi Arya Kamandaka kanthi bukti ati lan getihe

UNTUK SELENGKAPNYA SILAHKAN UNDUH DI LINK DI BAWAH INI
 

SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER I (PAS) BAHASA JAWA KELAS 8 KURIKULUM 2013

0 Response to "SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER I (PAS) BAHASA JAWA KELAS 8 KURIKULUM 2013"

Post a Comment