SOAL PENILAIAN AKHIR TAHUN MAPEL BAHASA JAWA KELAS VII KURIKULUM 2013



SOAL PENILAIAN AKHIR TAHUN MAPEL BAHASA JAWA KELAS VII KURIKULUM 2013

Teks kanggo soal nomer 1-3
1. Lare katuntun ibunipun mlampah lan ngidak jadah 7 warni. Jadah dipuntata saking warni padhang dumugi ingkang peteng. Punika perlambang bilih lare badhe ngadhepi gesang saking margi ingkang padhang dumuginipun mangke ing kahanan peteng. Jer saged lumampah kanthi sae ugi mralambangaken gesangipun kebak kamulyan lan kasantosan.
Tembung gesang ing pethikan teks kasebut tegese....
    Mati
    Jadah
    Urip
    Padhang

2. Prastawa budaya kang diadani ing pethikan teks kasebut mralambangake....
    Ngidak-idak jadah
    Ngadhepi urip jaman samengko
    Wong sugih torah rejeki
    Tradhisi kang kurang mupangati

3. Warna jadah kangdi idak saka padhang tumeka peteng. Bab iku mengku karep....
    Ora ana lampu pepadhange
    Jadah kang putih abang biru tekan ireng
    Mlaku saka njaba tekan njero omah
    Lakune urip tekan patine

Teks kanggo soal nomer 4-5
Tedhak siten asalipun saking kaling tembung, inggih punika tedhak ingkang tegesipun mandhap lan siten saking tembung siti ingkang tegesipun lemah utawi bumi. Dados tedhak siten anggadhahi teges mandhap dhateng lemah / bumi. Sadangipun punika lare namung wonten ing gendhongipun tiyang sepuh. Tedhak siten nggambaraken kasiapanipun lare kangge nglampahi gesang utami ing mangsa ngajeng.

4. Budaya tedhak siten ing wacan kasebut, ing Kebumen asring diarani....
    Sepasaran bayi
    Muyen
    Dhun-dhunan bayi
    Selapan bayi

5. Teks ing dhuwur ngandharake....
    Prastawa tedhak siten
    Tegese tedhak siten
    Bayi kang nembe bisa mlaku
    Uripe bayi kang sarwa kepenak

6. Acara iki dileksanakake kanggo memetri sawijining sesepuh kang uga kalebu ngulama kondang ing pulo jawa dadi cikal bakale para sunan.
Panulisane tembung kang luput tata tulise ing ukara kasebut yaiku....
    Acara
    Kondang
    Sesepuh
    Para


UNDUH SELENGKAPNYA PADA LINK DI BAWAH INI
SOAL PENILAIAN AKHIR TAHUN MAPEL BAHASA JAWA KELAS VII KURIKULUM 2013

0 Response to "SOAL PENILAIAN AKHIR TAHUN MAPEL BAHASA JAWA KELAS VII KURIKULUM 2013"

Post a Comment